Jumat, 21 November 2014


Teks Pawara / Pranata Adicara

Assalamu’alaikum…wr.wb.
alhamdulillahi 2x rabil alamiin…[dst,,,-isinya kalimat berarti tentang puji syukur kepada allah s.w.t dan bersholawat atas nabi kita muhammad s.a.w,beserta keluarga,sahabat dan para pengikutnya yg setia.]
-ingkang kawulo mulyaaken para alim ulama’,ingkang rinten kelawan dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi,minangka kiblating manembah dumateng ngarsaning gusti ingkang satuhu luhuring budi.utaminipun,,,[isi dengan nama bpk/ibu,,,tokoh yg jadi pembicara pada resepsi pernikahan.]
-dumateng para pinisepuh,sesepuh tuwin adi sepuh,ingkang  hanggung mestuti dumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi.
-dumateng para pangembaning praja,satrianing nagari minangka pandam pandome para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan,utaminipun bopo lurah/kepala desa,,,,[isi nama lurah/kepala desa anda]
-dumateng para rawuh,kakung putri utaminipun panderek temanten saking,,,,,ingkang satuhu bagya mulya.
-minangka purwakaning atur wonten ing kalenggahan,,,sumangga panjenengan sami sawetawis wekdal kula derekaken,muji syukur dumateng dzat ingkang maha kuasa,allah s.w.t-ingkang sampun paring pinten”kanugrahan dumateng kita,antawisipun ni’mat kesehatan,sahingga kita saget anggrawuhi undangan ,,,panjenenganipun bpk/ibu,,,kanti wilujeng kalis ing rubeda.
-selajengipun,shalawat saha salam allah mugi tetep konjuk dumateng junjungan nabi kula lan panjenengan,nun inggih nabi muhammad s.a.w,nabi ingkang kita dereki ajaranipun,saha ingkang kita ajeng”pitulunganipun,sae wonten ing dunya langkung”mbenjng wonten ing dinten kang akhir.
-para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan,wonten lepat kawula nyuwun lumunturin sih samudra pangaksami,njih awit kawula sampun cumantaka,kumawanton ngadeg njejer wonten ing ngarsa panjenengan sami,mboten sanes hanamung dados jejere pambiawara/pranata adicara wonten ing adicara pawiwahan,ing ,,,menika.
-sakderenipun adicara pawiwahan kawiwitan,saenipun keparenga kula badhe maosaken reroncening tata adicara ingkang sampun rinakit dening keluarga.[pranata adicara membacakan susunan acara,,,]
contoh susunan acara:
->pambuka…[acara di buka bersama,dengan membaca surat al-fatikah]
dg tetap  memberitahukan agar pelaksanaannya dapat berjalan lancar dan sesuai harapan tuan rumah.
-komentar pranata adicara sesudahnya:-kanti waosan surat al-fatikah kalawau,mugi”purwa,madya lan pungkasan adicara pawiwahan menika saget linampahan kanti gangsar,kalis ing rubeda.amiin
->waosan ayat-ayat suci alquran.
>komentar pranata adicara sesudahnya:-mekaten kalawau menggah waosan ayat”suci alquran sampun kawaos kanti paripurna,kanti pangajab sageta adamel gumeter ing manah kula lan panj.sami,ingkang ateges manika pratanda tambahing keimankita.amiin.,,,
->atur pambagya basuki harja,saking ingkang hamengku karya panjenenganipun bp/ibu ,,,[dari tuan rumah,tapi biasanya di wakilkan.]
>komentar pranata adicara sesudahnya:-para rawuh ingkang kinurmatan,mekaten atur pambagya basuki harja panj.[tuan rumah]sampun paripurna,kanti gamblang,narawang, lulus raharja kalis ing rubeda,dene minangka talang wacana nun inggih panj.bp,,,
->pasrah panggula wentah,saking keluarga agung panjenenganipun kadang besan,panjenenganipun bp/ibu,,,ingkang ing mriki badhe kasarirani lumantar panj.bp,,,
>komentar pranata adicara sesudahnya:-pasrahipun paj.bp,,,badhe katampi kanti suka rena ing penggalih dening panj.bp,,,
->tampi pasrah temanten,saking bp/ibu,,,[ingkang hamengku karya/biasanya juga di wakilkan].
>komentar pranata adicara sesudahnya-sampun paripurna atur tami pasrah temanten,lumantar panj….pasrah saha panampinipunpun kala wau,sageta dawah sami-sami.
->khutbah walimah/ular-ular temanten/wursitawara,,,ingkang badhe kawedaraken lumantar panj.rama K.H.bp….kalajengaken do’a.
>komentar pranata adicara sesudahnya:-mekaten,sampun paripurna wursitawara dening panj…kanti pangajab,mugi sageta dados bundelan adi,gegaran nggayuh widadaning palakrami,utaminipun temanten sarimbit,lan sumrambah dumateng para rawuh samudayanipun.
->do’a dan ->penutup.
>para rawuh ingkang kinurmatan,paripurna adicara do’a kalawau,dados pratanda paripurna adicara pawiwahan ing kalenggahan,,,,
kawula ngambali atur,saking ingkang hamengku karya,sedaya acara pawiwahan menika sampun rinakit kanti dakik-dakikdening keluaraga,mugi saget adamel suka renaning penggalih panj.sami,ananging sedaya kalawau hanamung dayaning titah sawantah,ingkang ateges tebh saking sifat sampurna,mila matur suwun sanget kanti rawuhipun paj.sami,wonten sedoyo kekirangan ingkang hamengku karya,lumantar kawula keparenga paring pangapunten ingkang katah.
tumprapipun jasad kawula,minangka jejering pranata adicara ing kalenggahan ,,,bilih katah tetembungan kawula ingkang kirang tata,solah bawa ingkang kirang trapsila,ingkang sedaya kalawau nuwuhaken kalepatan lan dosa,kawula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
-adicara pawiwahan menika sumangga kita tutup sesarengan kanti waosan hamdallah,,,,
->>>selanjutnya acara berjalan,sesuai susunan acara tersebut diatas,mengenai komentar pranata adicara bisa di buat lebih kreatif,sesuai dengan kemampuan kita masing”.
-contoh ini bukan di maksudkan memberikan versi terbaik bagi semuanya,namun tak lebih hanyalah contoh dari pengalaman yg pernah saya alami.

0 komentar:

Posting Komentar